• Posted by : honeybee Jul 3, 2013




    Bahasa Jawa merupakan bahasa yang sering dipakai di pulau jawa, khususnya di daerah Jawa Tengah, Jawa Timur, dan Yogyakarta. Bahasa ini sebenarnya ada bermacam-macam diantaranya ngoko, krama alus, dan krama inggil. Saking banyaknya, terkadang ada orang Jawa Asli yang kurang begitu paham tentang bahasanya sendiri. (termasuk saya)  :ecek2

    Nah dibawah ini ada sebuah contoh makalah bahasa jawa tentang tradisi mitoni, atau dalam bahasa indonesia disebut tujuh bulanan. Langsung saja, ini dia contoh makalah bahasa jawa tentang mitoni.



    MITONI ING BUDAYA JAWA

    ATUR SAPALA ( PRA WACANA )

    Ingkang sepisan kula lan sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT kagem sadaya nikmat lan rahmatipun saengga kula sadherek saged ngrampungaken karya tulis punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken karya tulis punika.


    Wonten makalah punika kula nyriosaken babagan Mitoni. Ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan Mitoni.

    Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah SWT, ananging menawa lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.

    Matur nuwun,


    I     PAMBUKA


    1. Wigatosing Rembag (Latar Belakang Masalah)
    Mitoni iki kalebu tradisi lan budaya ingkang kiat lan turun temurun tumrapipun para wong jawa.

    Sajatosipun tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah dhumateng kabudayaan.

    Salah satunggaling tradisi wonten ing daerah jawa inggih menika mitoni. Mitoni iku dikenal marang rakyat jawa dangu lan ndalu.

    Pramila saking menika, wonten makalah menika menika badhe kaandharaken babagan kebudayaan mitoni.



    1. Bab-bab Ingkang Wigatos Dipunrembag (Identifikasi Masalah) 

    Sak sampunipun kita maos lan mreksani wigatosing rembag, inggih menika babagan mitoni, kita saged nemokaken masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking pirembagan babagan mitoni menika.
      1. Pengertian Mitoni

      2. Tujuanipun Mitoni

      3. Syarat-syarate Mitoni

      4. Rangkaian Mitoni

      5. Wektu dilaksanakake Mitoni


    1. Bab-bab Ingkang Badhe Dipunrembag (Rumusan Masalah)

    Wonten ing mriki badhe kepratelaken menapa ingkang badhe wonten ing wosing pirembagan mangkeh. Ingkang badhe karembag inggih menika :



    MITONI

    1. Pengertian Mitoni

    Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu meteng 7 sasi.

    2. Tujuane Mitoni

    Tujuane kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

    3. Arti Mitoni

    Jabang bayi umur 7 sasi ku wis duwe raga sing sempurna, dadi miturut pengertian wong jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan manungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa sapta kawasa jati.

     4. Syarate Mitoni

    ** Bubur 7 macem

    Campuran 7 macem : (1) bubur abang, (2) bubur putih, (3) abang ditumpangi putih, (4) putih ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6) abang disilang putih, (7) baro-baro (bubur putih sing nduwure di wenehi parutan klapa lan gula jawa).

    Bubur putih di pangan dening calon bapak, bubur abang dipangan dening calon ibu. Bubur sing liyane di pangan dening sakeluarga.

    ** Gudangan Mateng

    ** Nasi Megono

    ** Jajanan Pasar

    Biasane isine 7 macem panganan jajanan pasar tradisional.

    ** Rujak

    ** Ampyang

    ** Macem-macem Kolo

    Kolo kependem (kacang tanah) lan Kolo merambat (tela).

    ** Ketan

    Ketan digawe bunderan kaya bal bekel (diameter 3-4 cm) warna putih, abang, ijo, coklat, lan kuning.

    ** Tumpeng Sega Putih

    ** Endog

    Endog ayam 7.

    ** Gedhang

    Gedhang raja lan gedhang raja pulut ijen-ijen.

    ** Tumpeng 7 Macem Warna

    Rangkaian Acara

    Kangge upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara Ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endog pitik kampong neng njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endog lan terakhir kedhuren.

    Acara siraman mung diselenggarakake kanggo mitoni anak pertama.

    Wektu

    Miturut adapt jawa mitoni iku kudhu diselenggarakake neng dina sing bener-bener apik, yaiku dina senin awan kanthi bengi utawa dina jumah awan kanthi bengi.



    PANUTUP

    1. Dudutan

    Mitoni iku asale saka tembung pitu. Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu meteng 7 sasi.

    Tujuane mitoni kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

    2. Pamrayogi

    Mitoni inggih menika kalebet kebudayaan ingkang adiluhung tilaranipun para leluhur kita. Kita kedah jagi kebudayaan mitoni kalebet ciri khas daerah ingkang daerah kita. Ampun ngantos mitoni menika kapendet dening kebudayaan adat jawa.


    0 comments

  • Copyright © 2015 - JUST ANOTHER BLOG~- All Right Reserved

    Just Another Blog~ Powered by Blogger - Re-Designed by HONEYBEE